Isone kawujud nduweni ilmu kang linuwih iku kudu gelem Ngelakoni, banjur di amalke ing dalan becik, Kudu iso ngendaleni lan Naleni sifat angkoro murko ing Njoneng ati…
Sing di arani wong sakti, Yo iku wong kang iso Milah lan mileh dalan kang becik ugo iso Ngakoni salah kendhel (diam) rumongso salah, Kajobo kabeh iku, nanging ora iso, Meleh ake opo sing wis dadi Paring’e Gusti…
Wong urip kuwi mesti golek Ilmu, nanging dudu ilmu tujuan urip, Tujuan urip kuwi mung mbalek marang kang Kuwoso, ati-ati kleru ojo menuhankan ilmu, ilmu iku minongko sarono tumekane Gusti, nek ngerti Ora bakal kemrungsu lan tansah meneb…
Mergo ngastiti ben ora kabuntel ilmune dewe, kudu bisa dadi pepadang lan madangi kinasih, sejatine manungsa ora duwe opo-opo tanpo Ridhone Gusti Kang Moho Agung, Mung bisa ngrumangsani, mboh aku mboh sampeyan iso tutug gone Gustine milo sami sinau sareng mlampah tumuju Gusti Kang Moho Agung…